Notasi Gd Kembang gayam Ldr Kembang Kates llg Menthok2, Kupu kuwi, Pendisil Pl 6.Karawitan RRI Ska

Музыка

Kembang gayam Gendhing ktk 2 krp mgh 4 kalajengaken Ladrang Kembang Kates trus lelagon Menthok menthok, Kupu Kuwi, Pendhisil Pl. 6 Bernotasi Gendhing
Karawitan RRI Surakarta
Cekapan kinanthi 1:
Punapata mirah ingsun,
prihatin waspa gung mijil,
tuhu dhahat tanpa karya,
sengkang rinemekan Gusti,
gelung rinusak sekarnya,
sumawur gambir melathi
Upama tyase mangunkung,
mulating sira dyah ari,
sayekti melu mangarang,
telase riris gumanti,
ingkang tarangggana sumyar,
remek dening salah kapti
Marmanta mangrurah gelung,
lintange merang ningali,
mring langening kiswanira,
miwah kidang kidang isin,
miyarsa ing swaranira,
si kidang umpetan tebih
Tuwin kombang kombang geng kung,
miyarsa swaranta yayi,
kadi merange si kidang,
anoning liringireki,
mangkana susahing kidang,
malah tyarsira lir kanin
Kabot kabotan lung gadhung,
wekasan mungkret amuntir,
mulat nggonira saduwa,
malah malah cengkir gadhing,
kang tiba mrih dherangkalan,
umpetan mring jurang trebis
Cakepan kinanthi 2 :
Mideringrat hangalangut,
lelana njajah nagari,
mubeng tepining samodra,
sumengka hanggraning wukir,
analasak wanawasa,
tumuruning jurang trebis
Sayekti kalamun suwung,
tangeh miriba kang warni,
lan sira pepujaningwang,
manawa dhasaring bumi,
miwah luhuring akasa,
tuwin jroning jalanidi
Iku ta sapa kang weruh,
nanging kiraning tyas mami,
sanadyan ing bawana,
anas kang madha warni,
maksih sumeh semu sira,
ruruh rarase respati
Myang dedeg pangadegipun,
sedeng sedhete mantesi,
sembada genging sarira,
lelewane milangeni,
wiraga raga karana,
murwedah hyang hyanging bumi
Manis gapyak lukita rum,
dhemes luwes merak ati,
susila tyase ngumala,
solahe nyudara werdi,
jumawut geng kang salaga,
pari kudu sun ngengeri
Cakepan kinanthi 3 :
Nalikanira ing dalu,
wong agung mangsah semedi,
sirep kang bala wanara,
sadaya wus sami guling,
nadyan ari Sudarsana,
wus dangu nggenira guling
Kukusing dupa kumelun,
ngeningken tyas sang apekik,
kawengku sagung jajahan,
nanging sanget hangikibi,
sang resi Kanekaputra,
kang anjok saking wiyati
Kagyat risang kapirangu,
rinangkul kinempit kempit,
dhuh sang retnaning bawana,
ya ki tukang walang ati,
ya ki tukang ngenesing tyas,
ya ki tukakng kudu gering
Teka ndadak melu melu,
kaya budhine wong ceplik,
lali yen kalokaningrat,
ing bawana amurwani,
mustikaning jagad raya,
dhemen lalen sanggarungi
Sun iki ngembani wuwus,
Dewa Sang Hyang Hodipati,
Bathara Suksma kawekas,
sira ingkang den paringi,
ingkang maosandilata,
panguripe wong sabumi.

Пікірлер: 30

  • @mawardiwardi766
    @mawardiwardi76611 ай бұрын

    Matur nuwun sampun diparingi hiburan ingkang kengin kangge obat kesel, betul betul nikmat .

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    11 ай бұрын

    Matur nuwun ugi sampun pinarak,sugeng nglaras.

  • @IbuSri-nd4nl
    @IbuSri-nd4nlАй бұрын

    Waktu saya anaķ2 memang ada gending kembang gayàm mengertiñya krn.permintaan gendìng saat tĺedeķañ ķĺeðeķan

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    Ай бұрын

    O lha ngging, Pramilo monggo sugeng nglaras, nuwun.

  • @sunotorupiin9443
    @sunotorupiin9443 Жыл бұрын

    Manteb ,,matur suwun di paringi notasinipun saget sinau poro putro wayah ingkang sami angleluri budoyo jawi .

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    11 ай бұрын

    Sami sami, sugeng nglaras

  • @rambatsutarno9363
    @rambatsutarno93632 жыл бұрын

    Saestu laras gending kembang gayam klp karawitan baresdereng nate nggarap gending punika

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    2 жыл бұрын

    Matur nuwun sampun pinarak, sugeng nglaras

  • @sukarnokridodarsono1717
    @sukarnokridodarsono1717 Жыл бұрын

    Sudah bagus nyamleng tidak usah banyak komentar nikmati saja ya mas.

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    Жыл бұрын

    Matur nuwun.

  • @wirantoranto3194
    @wirantoranto31942 жыл бұрын

    Jaya jaya selamanya... Aamiin yrb alamiin

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    2 жыл бұрын

    Aamiin ... matur nuwun

  • @wirantoranto3194

    @wirantoranto3194

    2 жыл бұрын

    Masih lanjut dari ldr slamet ke beriktnya

  • @pipitfitriyani5269
    @pipitfitriyani5269 Жыл бұрын

    Mantep banget sangat membantu utk belajar juga..

  • @wirantoranto3194
    @wirantoranto3194 Жыл бұрын

    Audione cocok.... Apik meneh yen vidione hidup malah tambah gayeng iso lenggut lenggut karo ngrungokne

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    Жыл бұрын

    Ngapunten rikolo siaran mboten pundokumen video

  • @wirantoranto3194

    @wirantoranto3194

    Жыл бұрын

    @@SGRRISka inggih boten dados punopo

  • @paksularno3068
    @paksularno30682 жыл бұрын

    Tolong pak krawitan grop nopo pimpinane sinten menawi tayang pak

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    2 жыл бұрын

    Karawitan RRI Surakarta

  • @irfandanus4216
    @irfandanus4216 Жыл бұрын

    Ada cakepan liriknya mas "kembang gayam"

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    Жыл бұрын

    Cakepan Gerongan Namung gerongan Kinanti Mas meniko.

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    Жыл бұрын

    Cakepan gerongan Kinanthi wonten Deskrepsi

  • @paksularno3068
    @paksularno30682 жыл бұрын

    Ngangge not pun sae kangge efaluasi netsenipun

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    2 жыл бұрын

    Matur nuwun

  • @tsunarto430
    @tsunarto4302 жыл бұрын

    Mantab

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    2 жыл бұрын

    Matur nuwun sampun kerso pinarak ... salam sehat, salam Budaya

  • @hariharmoyo5365
    @hariharmoyo53652 жыл бұрын

    Laras tenan

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    2 жыл бұрын

    Matur nuwun sampun kerso pinarak ... salam sehat, salam Budaya

  • @IbuSri-nd4nl
    @IbuSri-nd4nlАй бұрын

    Ķaĺau ada klasikan yg blm.dìangķat silahķat diangkat lagi rri.sķa.sek.ini jamannÿa

  • @SGRRISka

    @SGRRISka

    Ай бұрын

    Nggih matur nuwun

Келесі