KIDUNG RUMEKSO ING WENGI, TOLAK SANTET DAN TELUH ADAT JAWA FULL ( SUNAN KALI JAGA )
Музыка
Ana kidung rumeksa ing wengi,
teguh ayu luputa ing lelara,
luputa bilahi kabeh,
jin setan datan purun,
peneluhan tan ana wani,
miwah panggawe ala,
gunaning wong luput,
geni atemahan tirta,
maling adoh tan ana ngarah mring mami,
guna duduk pan sirna.
Sakabehing lara pan samya bali,
kehing ama pan sami miruda,
welas asih pandulune,
sakehing braja luput,
kadi kapuk tibaning wesi,
sakehing wisa tawa,
sato galak lulut,
kayu aeng lemah sangar,
songing landhak guwaning mong lemah miring,
myang pakiponing merak.
Pagupakaning warak sakalir,
nadyan arka myang segara asat,
temahan rahayu kabeh,
apan sarira ayu,
ingideran mring widadari,
rineksa malaikat,
sakathahing rasul,
pan dadi sarira tunggal,
ati Adam uteku Baginda Esis,
pangucapku ya Musa.
Napasingun Nabi Isa luwih,
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku,
Hyang Suleman kasekten mami,
Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku,
BagendAli kulitingwang,
Abu Bakar getih daging Umar singgih,
balung Bagenda Usman.
Sungsum ingsun Patimah linuwih,
Siti Aminah banyuning angga,
Ayub ing ususku mangke,
Nabi Nuh ing jejantung,
Nabi Yunus ing otot mami,
Netraku ya Muhammad,
panduluku rasul,
pinayungan Adam Sarak,
sampun pepak sakhathahing para Nabi,
dadya sarira tunggal.
Пікірлер: 21
Sip kidung supoyo ilang sengkolo njih pak 👍☕☕
Kidung MANTRA WEDHA rumekso ing wengi tembangipun enak banget yen di mireng aken ing wayah dalu kagem jampi sayah , ning ati adem ayem kagem pelipur ati kang nandang lara sinambi leyeh leyeh , santen duduhe klopo cekap semanten atur kawulo matur nuwun.
Aku paling suka midung ini
Marilah berlombalomba menyebarkan kebaikan d dunia maya :pratikno
adem rasane ati
Mantepppp
Ini bukan sekedar budaya tp ini adalah bekal untuk menjadi kuat secara lahir dan bathin buat kita dan generasi penerus kita
Saya sangat suka kidong jawa
Tinggalane leluhur perlu di lestarek ne,ojo sampe luntur,salam abadi selalu,,,
Trenyuh ku mendengar kidung ini Apakah kelak akan hilang budaya kita ini, marilah kita uri uri kebudayaan kita ini
@GalihTV
2 жыл бұрын
Sedoyo kantun manungsone,tasek nguri uri budoyo jawi nopo mboten.
@GalihTV
2 жыл бұрын
Salam rahayu mardiko
Alhamdulillah....adem hati dan Yakin akan rencana Alloh yg lbh baik dan itikad tdk baik akan tuai balak
Sangst disayangkan apabila anak cucu kita tdk tahu ttg budaya ini bisa2 akan sulit utk kepentingan penjagaan diri
Barokah mgi Rahayu Poro sanak kadang.lan sedulur Kabeh tanpa batas.
@ayamkecil592
3 жыл бұрын
Hnnnnnnnbnñnmnmnnmnbbnbnnnnnnnbbbbbbnbnbbñbbbnbbñvbbnbbbnnnbbbvnbbmbnbnnmbņ
Tombo ati
Kidung Dahsyat karya leluhur yg mulai terlupakan, tp alhamdulillah seiring meningkatnya kesadaran spiritual generasi penerus jawa, kidung dahsyat ini mulai banyak dikenal dan dipelajari......bagai wong jawa semua persoalan ada solusinya, sebagaimana keyakinan wong jawa kepada kebesaran Allah Yang Maha Kuasa
Makyes
Menta kidung asli dari sunan kali jaga
@goesawe9886
3 жыл бұрын
Mataab.... Adem... damai...