Atur pambagyo oleh DR Sabar Narimo

budisantosa.store
shope.ee/9pGwggGulQ?share_cha...
Contoh atur pambagyo harjo ringkes menggunakan bahasa jawa pada saat resepsi boyong temanten adat jawa di gedung wanita Surakarta
Assalamu'alaikum wr.wb.
Alhamdulillah.....
Nuwun, para sesepuh pinisepuh, ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi , poro tamu sedhahan kakung miwah putri ingkang winengku ing karahayon.
Nuhoni pamundhutipun Bopo .........(ingkang hamengku gati) Ing siang puniko kulo kadhawuhan sowan matur wonten ngarso panjenengan, murwakani atur mugi wonteno keparengipun panjenengan sedoyo kulo dhereaken ngaturaken suko syukur dumateng Allah SWT
Ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dumateng panjenengan dalasan kulo,Satemah ing kalenggahan siang puniko kulo panjenengan saget tetunggilan silaturahmi kanthi wilujeng kebak ing suko basuki,
poro tamu sedhanan kakung miwah putri ingkang winantu ing bagyo mulyo, menggah wigatosing atur ingkang sepisan panjenenganipun
Bopo .................(hamengku gati) ngambali ngaturaken pambagyo wilujeng menggah rawuh panjenengan ing siang puniko.
Bopo ..............(hamengku gati), rumaos bingah ing manah,
hanampi rawuh panjenengan ing siang puniko ingkang kepareng sami hanelaaken raos sih tresno.
Pangajaping Bopo Suyanto kekalih , rawuh panjenengan sekaliyan badhe kasuwunan tambahing puji pangestu hawit anggenipun Bopo ............(hamengku Gati)kepareng hamengku gati hamolokramaaken putro pawestrinipun ingkang nami Rara .............(penganten putri) kaliyan ....................(penganten pria) p. Atmajanipun Bopo (kadang besan) kaliyan ibu .........(besan). ingkang alenggah dalem wonten ing Purworejo wewengkon Jawi Tengah.
Dene kalampahing ijab paningkah naliko Dinten Ahad Paing suryo kaping 3 wulan Pebruari warso 2019 wanci tabuh 08.00 WIB wonten ing wismo ngriki sarto kalajengaken tatacara panggih wonten wismo ngriki ugi kados ingkang sampun kauningan, samudayanipun kalampahan kanthi wilujeng nir boyo kalis ing rubeda.
Puji panjenengan sedoyo mugi hanyembuho miwah hanjalarono kayuwananing panganten sekaliyan, sugeng langgeng wilujeng hanggenipun sesemahan, lelumban wonten madyaning bebrayan agung tansah hamangyo sarwi kaleresan,
ingkang cinipto dadyo ingkang jinongko prapto hinggang ginayuh rawuh,inggih awit keparengipun Allah Ta’ala.
Kajawi ingkang sampun katur ing ngajeng, Bopo .................(hamengku gati) kekalih hangaturaken agenging panuwun hawit panjenengan sadoyo poro tamu miwah poro kadang wandowo ingkang kanthi tulus ikhlasing penggalih paring pambiyantu pasumbang ingkang awujud punopo kemawon, ingkang boten saget kulo aturaken peprincen setunggal setunggalipun,
ingkang sedoyo kolo wau yekti mahanani dhateng enthenging sesanggen miwah damel rancaging tumindak satemah saget lumampah samudayanipun kanthi sae tuwin maremaken
Sedoyo sih budi darmo panjenengan wau katampi kanthi bingahing manah, ananging Bopo ............(hamengku Gati) rumaos mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH SWT
Bopo ............(hamengku Gati)nglenggana jejering titah sawantah ingkang boten saget luput saking kalepatan, purwo madyo wusana hanggenipun hanampi hangacarani rawuh panjenengan pinanggih kuciwo, langkung langkung wonten kiranging boja krama ingkang kinaryo mangayubagyo rawuh panjenengan sedoyo,Lumantar kulo Bopo Suyanto............(hamengku Gati) kekalih hamung nyuwun lumebering samodra pangaksami,
Panyuwunipun Bopo Suyanto kekalih mugi poro tamu sedoyo kepareng hanglajengaken lelelnggahan kanthi suko mahardikaning penggalih ngantos dumugi saparipurnaning pahargyan .
Kulo ingkang piniji matur ngrumaosi taksih kathah kirang sarto kuciwanipun anggen kulo matur, pramilo kulo inggih namung nyenyadhong lumunturing sih poro tamu, mugi keparengo paring pangaksami.
Hing wasana cekap semanten atur kulo, mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih nuwun.
Akhirulkalam, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum

Пікірлер: 54

  • @paksutamanpakeste1936
    @paksutamanpakeste19365 жыл бұрын

    Kawulo nuwun... mugi lestari budhoyo jawi anjayeng bawono Rahayu... Rahayu... Rahayu... Nusantoroku... Nuwun.

  • @dapursolohj.indrat5082
    @dapursolohj.indrat50822 жыл бұрын

    Mantap .. Dr .sabarnarimo .salam hormat kami

  • @fxmaryoto2729
    @fxmaryoto27292 жыл бұрын

    Maturnuwun saged kagem njangkepi kawrh basa rinengga.

  • @AntoAnto-gf5xf
    @AntoAnto-gf5xf10 ай бұрын

    ni baru bgus

  • @BudiPambiwara

    @BudiPambiwara

    10 ай бұрын

    Matur nuwun

  • @user-qn4lc6du4t
    @user-qn4lc6du4t Жыл бұрын

    Alangkah sempurnanya kalau di beri Teks.

  • @ilhamahbab7222
    @ilhamahbab72222 жыл бұрын

    Mantappp...

  • @dwiwidodo6107
    @dwiwidodo61073 жыл бұрын

    Maturnuwun kagem Referensi Sae. 👍👍

  • @fazadina6669
    @fazadina6669 Жыл бұрын

    Mantap

  • @BudiPambiwara
    @BudiPambiwara5 жыл бұрын

    Assalamu'alaikum wr.wb. Alhamdulillah..... Nuwun, para sesepuh pinisepuh, ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi , poro tamu sedhahan kakung miwah putri ingkang winengku ing karahayon. Nuhoni pamundhutipun Bopo .........(ingkang hamengku gati) Ing siang puniko kulo kadhawuhan sowan matur wonten ngarso panjenengan, murwakani atur mugi wonteno keparengipun panjenengan sedoyo kulo dhereaken ngaturaken suko syukur dumateng Allah SWT Ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dumateng panjenengan dalasan kulo,Satemah ing kalenggahan siang puniko kulo panjenengan saget tetunggilan silaturahmi kanthi wilujeng kebak ing suko basuki, poro tamu sedhanan kakung miwah putri ingkang winantu ing bagyo mulyo, menggah wigatosing atur ingkang sepisan panjenenganipun Bopo .................(hamengku gati) ngambali ngaturaken pambagyo wilujeng menggah rawuh panjenengan ing siang puniko. Bopo ..............(hamengku gati), rumaos bingah ing manah, hanampi rawuh panjenengan ing siang puniko ingkang kepareng sami hanelaaken raos sih tresno. Pangajaping Bopo Suyanto kekalih , rawuh panjenengan sekaliyan badhe kasuwunan tambahing puji pangestu hawit anggenipun Bopo ............(hamengku Gati)kepareng hamengku gati hamolokramaaken putro pawestrinipun ingkang nami Rara .............(penganten putri) kaliyan ....................(penganten pria) p. Atmajanipun Bopo (kadang besan) kaliyan ibu .........(besan). ingkang alenggah dalem wonten ing Purworejo wewengkon Jawi Tengah. Dene kalampahing ijab paningkah naliko Dinten Ahad Paing suryo kaping 3 wulan Pebruari warso 2019 wanci tabuh 08.00 WIB wonten ing wismo ngriki sarto kalajengaken tatacara panggih wonten wismo ngriki ugi kados ingkang sampun kauningan, samudayanipun kalampahan kanthi wilujeng nir boyo kalis ing rubeda. Puji panjenengan sedoyo mugi hanyembuho miwah hanjalarono kayuwananing panganten sekaliyan, sugeng langgeng wilujeng hanggenipun sesemahan, lelumban wonten madyaning bebrayan agung tansah hamangyo sarwi kaleresan, ingkang cinipto dadyo ingkang jinongko prapto hinggang ginayuh rawuh,inggih awit keparengipun Allah Ta’ala. Kajawi ingkang sampun katur ing ngajeng, Bopo .................(hamengku gati) kekalih hangaturaken agenging panuwun hawit panjenengan sadoyo poro tamu miwah poro kadang wandowo ingkang kanthi tulus ikhlasing penggalih paring pambiyantu pasumbang ingkang awujud punopo kemawon, ingkang boten saget kulo aturaken peprincen setunggal setunggalipun, ingkang sedoyo kolo wau yekti mahanani dhateng enthenging sesanggen miwah damel rancaging tumindak satemah saget lumampah samudayanipun kanthi sae tuwin maremaken Sedoyo sih budi darmo panjenengan wau katampi kanthi bingahing manah, ananging Bopo ............(hamengku Gati) rumaos mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH SWT Bopo ............(hamengku Gati)nglenggana jejering titah sawantah ingkang boten saget luput saking kalepatan, purwo madyo wusana hanggenipun hanampi hangacarani rawuh panjenengan pinanggih kuciwo, langkung langkung wonten kiranging boja krama ingkang kinaryo mangayubagyo rawuh panjenengan sedoyo,Lumantar kulo Bopo Suyanto............(hamengku Gati) kekalih hamung nyuwun lumebering samodra pangaksami, Panyuwunipun Bopo Suyanto kekalih mugi poro tamu sedoyo kepareng hanglajengaken lelelnggahan kanthi suko mahardikaning penggalih ngantos dumugi saparipurnaning pahargyan . Kulo ingkang piniji matur ngrumaosi taksih kathah kirang sarto kuciwanipun anggen kulo matur, pramilo kulo inggih namung nyenyadhong lumunturing sih poro tamu, mugi keparengo paring pangaksami. Hing wasana cekap semanten atur kulo, mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih nuwun. Akhirulkalam, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum Sumonggo ingkang ngersaaken tuladha atur pambagyo harjo....saget kangge referensi hamicara atur pambagyo

  • @KONTENMILITER

    @KONTENMILITER

    5 жыл бұрын

    Jos mas...mangke menawi uoload melih ..di tulis melih njih mas ..nuwun

  • @KONTENMILITER

    @KONTENMILITER

    5 жыл бұрын

    Sayange mboten saget kulo copas mas...mergo kulo ngangge hp ...😂

  • @ssuyadi7733

    @ssuyadi7733

    5 жыл бұрын

    wah..panjang sanget,kula boten sanggup ngapalaken

  • @KONTENMILITER

    @KONTENMILITER

    5 жыл бұрын

    Matursembah nuwun mas

  • @edhisoekono5559

    @edhisoekono5559

    5 жыл бұрын

    matur nuwun...

  • @nurtadinur6206
    @nurtadinur62063 жыл бұрын

    Jos,jos

  • @Asdafogh
    @Asdafogh4 жыл бұрын

    Wa'alaikumsalam warohmatullohi wabatokatuh... Alhamdulillah... Maturnuwun pidatonipun dipun genepi kaliyan tulisan, insya Alloh nggampilaken anggenipun nyinaoni. Mtnuwun

  • @BudiPambiwara

    @BudiPambiwara

    4 жыл бұрын

    Monggo dipun klik panah mangandhap sampun kulo lebetaken wonten ing deskripsi...matur nuwun

  • @ichwaneffendy2020
    @ichwaneffendy20203 жыл бұрын

    Pak dosen sabar Narimo...

  • @sunardi2567
    @sunardi25673 жыл бұрын

    Maturnuwun. Lestarikan adat jawa kita.siapa lagi kalau hukan kita sebagai orang jawa

  • @kasirkasir5950

    @kasirkasir5950

    3 жыл бұрын

    Bagus

  • @aguspriyono3457
    @aguspriyono34575 жыл бұрын

    Manteb tenan ...

  • @dewimcndeso674
    @dewimcndeso6745 жыл бұрын

    Sae sanget Pak 👍

  • @untungpartu5564
    @untungpartu55643 жыл бұрын

    Lumayan siiip

  • @Supini-hz9mo
    @Supini-hz9mo4 жыл бұрын

    Sae sanget bapak , suanten ipun kung...isinipun ringkes ananging mentes...matur nuwun ..

  • @triutomo8510
    @triutomo85104 жыл бұрын

    mantull....

  • @imamhambali6132
    @imamhambali61325 жыл бұрын

    Pingin blajar.... Bahasa ibu Kyknya keren kalo bisa MC pake bahasa jawa

  • @bastian0195
    @bastian01955 жыл бұрын

    Salut dan bangga dgn bahasa jawa halus Rasanya sampek mau nangis Mendengar pidato menggunakan bahasa jawa halus Mgmg bahasa jawa tetep langgeng

  • @senoabilowo3559
    @senoabilowo35593 жыл бұрын

    Mantab

  • @febrybocil3851
    @febrybocil38515 жыл бұрын

    Mantul

  • @ruangbelajarkita1259
    @ruangbelajarkita12593 жыл бұрын

    Dosen saya ketika kuliah di UMS

  • @masaji3827
    @masaji38275 жыл бұрын

    Mugio tansah dipun uri2

  • @ekoananto486
    @ekoananto4862 жыл бұрын

    Badhe nyuwun teks. Kagem sinau nopo ke pareng pak. 🙏

  • @masinggi4265
    @masinggi42653 ай бұрын

    👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍

  • @imronrosadi887imron
    @imronrosadi887imron5 жыл бұрын

    mantep min di pun lengkapi kalian teks saget boten gih nwn

  • @BudiPambiwara

    @BudiPambiwara

    5 жыл бұрын

    Insya Allah nembe pun susun

  • @budicahyono6177
    @budicahyono61773 жыл бұрын

    2020

  • @watiman2025

    @watiman2025

    2 жыл бұрын

    Deskripsi

  • @sawangtji5355
    @sawangtji53555 жыл бұрын

    Matur nuwun , video meniko saget dados tuladha

  • @DwiPutra-km1mx

    @DwiPutra-km1mx

    3 жыл бұрын

    Sungkep bektinipun pak sabar narimo saking siswo sma penjenengan 🙏

  • @donisdonizhia3642
    @donisdonizhia36425 жыл бұрын

    Kok kayaknya saya gak asing ya sama namanya bp sabar narimo,

  • @trisetiyarini7698

    @trisetiyarini7698

    2 жыл бұрын

    Prof. Sabar Narimo, dosen UMS bukan sih? 😂

  • @hawinpilongapilonga1490
    @hawinpilongapilonga14909 ай бұрын

    kdlslsısıs🔮 5:41

  • @mulyadijayachannel
    @mulyadijayachannel2 жыл бұрын

    Mantap

Келесі